MATERI
Stand
Up Comedy
Tema
: Pendidikan
Sugeng enjing
selamat pagi. Ki maeng sarapan jenang opo ngombe kopi. Kenalne, aku Dinda Oktaviantri, cah wadon sing uayu dewe sak jabalekat ora ketulungan.
Sekolah cah
sekolah. Nuntut ilmu ben sok mben dadi wong kabeh, ora melarat, sukses donya
akhirat.
Jerene wong –
wong sekolah ki masa - masa sing paling apik, apa maneh wayah SMA. Enek sing seneng
– senenge karo bedo jenis, enek sing bolos ning kantin terus konangan, dihukum
bareng, dipepe bareng, pokoke jian sip ora kenek dilalekne.
Ngomong –
ngomong masalah sekolah. Sekolah ki kurang afdol nek ora dikeni PR, nanging
kadang aku yo males ngerjakne. Bayangne to, pomo nek 16 mapel enek PR kabeh no
piye jal perasaanmu?. Tapi ngene apike dikeki PR wi iso gae bocah soyo rajin.
Kurang rajin piye to, wong jam ke 0 (nol) wis podo melbu kelas garap PR bareng
– bareng. Intuk kompak e, bar PR e.
Ssstt…… Tugas oh
tugas, nyapo we panggah enek?. Aku paling seneng nek enek tugas kelompok.
Modele cah – cah ki gak tegonan mbe konco dewe,
dadi melu garap gk melu garap akhire yo panggah ditulis jeneng ku,
tambah sayang ngeneki aku.
Eh.. eh. Gosip saitik. Iki jerene enek peraturan anyar
masalah sekolah full day. Wong gk dikeni peraturan ngono sekolah ku wis ngono
disik. Gak disiki piye to, wong mulih sekolah jam 2nan trus ekstra, rung garap
tugas’e, rung les’e. Intine ki panggah e mulih magrib. Mulih kari kesel’e.
Oh.. iyo nganti
arep lali. Ojo lali dino senin mesti enek upacara. Nanging ki kadang lucu
upacarane. Mestine upacara ki khitmat, apik ngono kn yo, lha cah – cah wis
pokok e angger ngadek, kon hormat yo hormat, kon istirahat yo istirahat. Lucune
ki kon ngormati genderone dewe kok yo enek sing digawe ngelap kringet, nutup –
nutupi ben ora panasen. Nek duk awake sopo neh cah? Plis deh.. Lucune neh ki
nek upacara wis arep bar, hormat karo pemimpin upacara mesti danton e ndadak
akeh, tapi nek dikon dadi petugas tenanan moh, gak wani jere.
Kula Dinda Oktaviantri. Sepuntene sing akeh nek enek salah’e, nek akeh garing’e. Nuwun.
Komentar